Karo mlaku, sopir Gocar sing wis rada sepuh crita lelakon uripe.
“Kula kerja abot saklawase urip, Pak. Saking enom tekan sakniki pun tuwa. Lare-lare nggih mboten kopen!”
“Mboten sah kakehan sambat Pak. Lakoni mawon. Kulo nggadhah sedherek, lare²ne nggih rada ra nggenah, ning tetep ceria kok,” tak gedhekke atine.
“Pripun sedhereke niku critane, Pak?”
“Anake ming setunggal, pun prawan. Ibuke rada khawatir, anak ontang antinge digaglak garangan enom.”
Ibuke pesen, “Nek kowe digoda wong lanang dijawil dhadhamu, ujaro, OJO! Nek lanange nekad nyekeli bokongmu, mbengoko, SETOP!
“Eeee… malah kedadeyan, anake sambat karo ibune, wetenge mules, garap sasine mandheg. Meteng.Ibune nyeneni, “Kan wis tak welingi kowe.”
“Iyo Buk. Pas wong lanang iku ndemok dhadhaku, aku ujar AJA. Pas nyekel bokongku, aku omong SETOP.”
“Lha kok tetep meteng?”
Wonge nyekel dhadha karo bokongku barengan, Buk. Lehku mbengok ya tak banterke, “OJO SETOP.”
Sopire njawab, “Cerita Bapak menghibur saya!
“Saya bukan lelaki penghibur!”